Wayang Beber Joko Kembang Kuning Pasemon Bedahing Mataram

Wayang Beber Joko Kembang Kuning Pasemon Bedahing Mataram
SHARE

PRABANGKARANEWS || WAYANG BEBER – Ingkang sinuwun kangjeng susuhunna mangkurat agung wonten ing wayang beber dipun wujudaken Prabu Klana Swandana ingkang tangsah gandrung dumateng wanita (engkang endahing warni) ingih puniko Dewi SEKARTAJI.

Lajeng dipun sulayani, mboten saget kalampahan andadosaken wontenipun paprangan, ing wasono lajeng tiwas pejah wonten ing paran.  Ingkang sinuwun kadeseg pembrontaking wadya balaning Trunajaya, ngantos keplajeng ngungsi dumugi Banyumas,  ing wasana lajeng dumugi sedo wonten ing paran ,layon kesarehaken wonten ing Dusun Tegalarum bawah Kabupaten Tegal.

Dene kplesit mboten saget kesareaken kempal kaliyan para kluwarganipun wonten ing Imogiri.  Kanjeng gusti Adipati Anom ing Mataram, ingkang asma Raden Mas Kuning, wonten ing wayang beber dipun wujutaken Jaka Kembang Kuning ingkang sawek kasmaran dateng putri adi ing Kediri,  ingkang nembe murca saking praja.

Baca Juga  Peresmian Museum Song Terus: Bagian dari Peluncuran Indonesian Heritage Agency oleh Mendikbudristek Nadiem Makarim

Nulya madosi murcanipun sang Dewi Sekartaji ngantos dipun labuhi memba dados tiyang barang terbang kentrung ing pasar Tumengungan Paloomba.

Rara Oyi angles manahipun ngraosaken katilar kanjeng gusti angenipun ketundung ingkang rama, kadawuhan kesah saking kadipaten, lajeng dateng ing lipura, ing mangke Rara Oyi kalihan kanjeng gusti puniko wau saweg pepasihan, lajeng kepisahaken ketundung kesah, kados punopo raosing manahipun saben kemutan tangsah boten saget enget kataka.

Wonten ing wayang beber dipun wujutaken Dewi Sekartaji madosi kesahipun raka Raden Panji Asmarabangun ngantos keplantrang dumugi ing Pasar Katumengungan dipun lelipur tangapan barang terbang ingkang nuju wonten ing pasar katimbalan, sang dewi sareng pirso ingkang barang terbang sakmenika lanjeng kentaka.

Baca Juga  Kadislitbangad : Prajurit Litbangad Harus Mampu Berinovasi

Dewi Sekaryaji puniko wayangipun Oyi tegesipun luruh pasemonipun. Trunojaya puniko anak ipun demang mlayu ing Madura, wonten ing wayang beber dipun wujutaken patihipun Prabu Klana naminipun Kebo Lorodan, minangka dados wayang dipun adu perang kalihan Tawang Alun.

Trunojoyo cidra angenipun dados wayang pramila ingih lajeng kepejahan.  Dene gambar candrasengkala memet ingkang ngambaraken kowentanipun Pasar Tumengung punika prasasat sampun saget gineman ceta.  Menawi bedahing negara Mataram punika namung saking sebab rebatan ajibus pawestri kemawon. Pramila ing sengkalan puniko lanjeng mugel Gawe Serabi Jinamah Ing Wong ngucapaken tahun 1614 M.

Penulis: Tri Hartanto Wayang Beber

Editor: Hendriyanto