Asal Mula Wayang Beber; Gambar Wayang Purwo Wonten Dlancang Jawi

Asal Mula Wayang Beber; Gambar Wayang Purwo Wonten Dlancang Jawi
Gambar: Wayang Beber
SHARE

PRABANGKARANEWS || Raden Jaka Susuruh nalika jumeneng nata ing nagari Majapahit ing tanah Jawi wetan, ajejuluk sang prebu Pratana.Panjeneganipun karsa mangun gambaring wayang purwa ing dlancang Jawi wedalan Ponorogo. Kadamel dados sagulung, sartakatembahan rerengganipun. Kaparingan garan kajeng giligan kiwa-tengen, pirantos kangge nggelar utawi nggulung gambar.

Menawi bade dipun pitontonaken lajeng kacepeng, dipun tancebaken wonten ing gedebog utawi ing kajeng ingkang sampun kabolong. Kajeng wau dipun sukani bancik utawi suku arupi gawangan.

Gambar wau lajeng kawastanan wayang Beber, sabab saben mitontonaken gambar wayang wau tamtu dipun jembreng utawi dipun gelar, Tiyang | katah mastani dipun beber.

Sejarah Wayang Beber, Pramila lajeng katelah nama wayang Beber. Gambaring  wayang purwa ingkang wonten ing dlancang  / kertas jawa / aluwang lajeng dipun wastani wayang Beber rampunging panggarap ing tahun 1283 saka atau dalam tahun masehi ditambah 78 yakni 1361 masehi.

Baca Juga  Tri Hartanto Kolaborasi Pelestarian Budaya: Wayang Beber di Yogyakarta

Wayang Beber manawi kagem ing kraton gangsanipun lestantun ngangge gangsa wayangan Slendro. Dene wayang Beber ingkang kalampahaken Dalang kangge tanggapan, gamelanipun namung petilan kemawon, sabab tumrap kangge barangan namung amburu cepak, pados ringkesipun. Sarta cekap katindakaken tiyang gangsal, kalebet Dalangipun.

Wayang Beber nalika jaman samanten perlunipun namung kange Murwakalas atau ruwatan manawi wonten tiyang ingkang kenging ila-ila, ingkang kedah rinuwat ngange wayang Beber. Amrih sampurnaning angcening kfnging sengkala, mawi dipunganteni sarana sesaji: dipun pepaki sajenipun sarta mawi dedupa kutug ganda wida wewangi.

Ngantos katelah dumugi sapriki tiyang nanggap wayang kedah ngange sajen kaliyan dedupa kutug, miturut ila-ilanipun duk nalika jaman kabudan jaman Hindu buda saat itu. Islam dereng masuk.

Baca Juga  Selamat Hari Pers Nasional "Kebebasan Pers Menuju Demokrasi Bermartabat"

Penulis: Tri Hartanto

Editor: Hendriyanto Prabangkara